
Nguripake Dongeng, Antologi Crita Cekak; Bonari Nabonenar; Interlude, Cet I, Juli 2024; viii+78 hlm; 13 ×19 cm
Crita-crita kang kaimpun dadi buku iki, mbokmanawa kajaba Wong Wadon Bojone Dewa, sadurunge wis kapacak ing kalawarta: Jaya Baya, Mekar Sari, lan Jawa Anyar. Cacah 7 saka 11 crita ing buku iki wis kapacak ing kaca Roman Sacuwil-e majalah Jaya Baya, papan kanggo ngajangi pengarang anyaran lan/utawa crita-crita saka jinis kang ngangkat tema donyane kaum mudha-tumaruna. Mung Kembang kang Mekar ing Ketiga Aking, kang padha-padha kamot ing Jaya Baya, nanging dipapanake ing kaca ’Crita Cekak’, senajan ta, tema-ne ya durung mingset saka donyane kaum mudha-tumaruna.