
Nguber Layangan Tatas; 30 Cerkak Modhern Basa Jawa Pilihane George Quinn; Editor: Prof. George Quinn ; Interlude, September, 2024; x+368hlm; 13x19
Kawit proklamasi kamardikan Indonesia taun 1945, cerkak sing diwetokake mawa basa Jawa cacahe wis ana maewu-ewu, keh-kehane kapacak ana ing udyana basa Jawa lan lembaran basa Jawa ana ing koran basa Indonesia. Pamilihing cerkak sing meksa winates cacahe 30 wae dadi panantang gedhe. Akeh juru ngarang karo cerkak-cerkake sing pantes diemban ing antologi iki kelakon ditinggal amarga papan winates. Editor nyuwun pangapura marang sakabehe juru ngarang mau. Dene ing bab pamilihing cerkak sing sida kamot, editor akeh oleh pambiyantune (ora jinarag) saka juru ngarang, pamaca lan redaktur. Cerkak-cerkak ing antologi Nguber Layangan Tatas iki sing akeh wis nate kapacak ing antologi-antologi sing kababar sadurunge. Tegese, sadurunge dipilih kanggo antologi iki, wis tau dititipriksa lan dipilah-pilah dening juru ngarang, pamaca lan redaktur Jawa. Malah ana sing wis tau dipacak makaping-kaping nganti kena diarani wis dadi khazanah inti –korpus pokok utawa “canon”– cerkak-cerkak basa Jawa.