Pinggêt

Pinggêt kumpulan cerkak romansa, Naufal Bahauddin Wafi; Interlude 2025, viii+106; 13x19cm

Antologi carios cekak menika kempalan cerkak ingkang kula anggit wiwit sinau nulis. Kula namung saged ngempalaken cerkak cacah pitulas ingkang mbok menawi jumbuh kaliyan irah-irahan “Pingget”. Cerkak ing antologi punika saperangan ageng karonce dening kadadosan ingkang sesliweran ing kiwa tengen kula kala semanten. Kula rumaos sedaya ingkang kacariyos ing ngriki jumbuh kaliyan maneka kadadosan ingkang dipun lampahi sesaminipun bocah umur semanten. Rasa cuwa, sedhih, kaliyan kelangan taksih dados bab panyigeg greget bocah nem ing wayah punika.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *