Hotel Indah

Hotel Indah, kumpulan crita cekak Bambang Nugroho; Interlude 2025; 14x21cm; xii+106hlm.

Buku isi kumpulan crita cekak kang kajupuk saka crita cekak kang tau kababar ana ing koran apa majalah basa Jawa cacahe 21, kaurutake tanggal lan taun saka taun 1988 tekan 2025. Sabageyan saka crita cekak iki kudu katulis maneh, amarga arsip arupa soft file ora ana. Ngelingi jaman semana isih diketik manual nganggo mesin tik. Crita cekak iki uga dudu kang wis kaimpun ana ing buku bebarengan liyane. Dadi klebu karya kang sethithik banget katandhing wektu kang ana.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *