
Omong Maton, kumpulan esai Basa lan Budaya Jawa Bambang Nugroho; Interlude 2025; 14x21cm; xii+162hlm.
Tulisan esai iki ora katata utawa kaurutake manut wektu kapan kababare nanging coba kaurutake manut tema kang katulis, pamrihe supaya bisa nyambung antarane tulisan siji klawan sijine. Amarga pancen tuwuhe ide utawa gagasan kanggo isine tulisan, kalarasake karo kahanan kang lagi dumadi ana madyaning masyarakat utawa apa kang lagi dirasakake dening penulis wektu kuwi. Upamane nalika lagi kena pageblug Covid-19, kang banjur nuwuhake gagasan utawa ide kanggo nulis bab thek kliwere kang magepokan klawan Covid-19..